Unggah-ungguh ing pacelathon
Nalika guneman becike kudu gatekake sapa wong kang diajak guneman, amarga ana gegayutane karo cak-cakane tembung lan ukara kang bakal digunakake, klebu unggah ungguh basa kang arep dianggo. Upamane ana priyayi sepuh kang guneman karo wong kang luwih enom, basa kang digunakake beda nalika wong enom matur marang priyayi sepuh. Semana uga bab kang diomongake lan kaanan pacelathon siji lan sijine beda. Unggah-ungguh basa bisa kaperang dadi loro yaiku kaya ing ngisor iki.
a. Ngoko
Unggah-ungguh basa kang awujud ngoko kaperang dadi loro yaiku kaya ing ngisor iki
1) Ngoko lugu
Basa ngoko lugu yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha-usuk basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Ngoko lugu duweni titikan yaiku tembunge gunakake ngoko kabeh
2) Ngoko alus
Basa ngoko alus yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Sing dikramake Inggil tembung sesulih lan tembung kriya. Ater-ater lan panambang tetep ngoko.
b. Krama Unggah-ungguh basa kang awujud krama kaperang dadi loro yaiku kaya ing ngisor iki
1) Krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge krama kabeh.
2) Krama Alus
Wujude, tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).